Kamis, 20 Februari 2014

Serat


Uda,
          Kula nyerat serat punika kagem panjenengan sanaos kula ngertos panjenengan boten saged lan boten pirsa basa Jawi. Ngaten.
          Kula kuwatos, Da, babagan basa. Kula ngertos ewah-ewahan niku niscaya, ugi salajengipun, nanging kula tetep ajrih menawi basa kita sedaya lajeng ical sami kaliyan basa ingkang sampun kalelep langkung rumiyin.
          Basa daerah, Uda.
          Langkung-langkung tiyang-tiyang teng Jakarta-miyos ugi ageng teng Jakarta kados kula punika, sampun ngantawis, tebih sanget, saking budaya laluhuripun.
          Uda,
          Langkung-langkung kathah krama campuran. Gesang wonten nagari kita ingkang bhinneka, krama antaretnis punika tansah kaniscayan. Ibu saking suku X, bapak saking suku Y, putranipun teng Jakarta. Bapak saha ibu, amargi kekalihipun benten sukunipun, migunakaken basa ingkang saged dipunmangertos kekalihipun sedaya. Lak nggih mekaten?
          Basa (daerah)nipun piyambakipun sedaya lajeng minggir.               
          Kula kuwatos, Uda.
          Sanajan Uda niku pedantis, panjenengan mestinipun pirsa menawi Betawi punika suku bentukan lan boten mustahil menawi benjing, miyos suku Betawi II (punapa napa kemawon tiyang-tiyang punika maringi nami): titik madya. Boten mustahil menawi basanipun campur lokal kaliyan Inggris, kados Singlish (Singapore English). Niku saged kemawon kedadosan, leres boten?
          Lajeng, punapa ingkang saged dalem tumindakaken?
          Kula matur dhateng panjenengan migunakaken basanipun ibu kawula. Kula ngertos panjenengan boten pirsa artosipun, Da, nanging pitadosa, kula gadhah kapinginan menawi benjing anak kula nepangi basa ibunipun. Mugi-mugi, basa ibu kawula boten lajeng ical sakderengipun anak kula sinau lan nepangi.         
          Lajeng, Da, sumangga, panjenengan nyerat migunakaken basa panjengengan. Kula kinten kula mangke mboten mangertos kadosta panjenengan mboten mangertos lan pirsa serat punika. Boten punapa-punapa. Kula ajeng ndherek tanglet. Mbok menawi wonten tiyang ingkang langkung betahaken serat kita sedaya.
          Uda,
          Cekap semanten serat punika. Matur nuwun.


Salam,

Dalem

Artinya:
Uda,
Apa kabar?
Lama tak bersua.
:))))))))


(terima kasih atas bantuan Keshia dan Larno dalam penerjemahan ke dalam kromo)


6 komentar:

  1. harus diartikan dengan lengkaapp, ;'( gak mau RT (ngancem)
    kamu pendiam ya aslinya?
    - ika, tukangpos

    BalasHapus
    Balasan
    1. ahahaha.. ini kutuliskan kembali naskah aslinya:

      Abang,
      Surat ini aku tulis untukmu meskipun aku tahu kamu tak bisa dan tak mengerti bahasa Jawa. Begini.
      Aku cemas, Abang. Mengenai bahasa. Aku tahu perubahan itu niscaya, dan seterusnya, tetapi aku tetap saja takut bahasa kita akan punah sebagaimana bahasa purba yang sudah tenggelam lebih dulu.
      Bahasa daerah, Abang.
      Terlebih bagi orang-orang di Jakarta—lahir dan besar di Jakarta macam aku ini. Mereka sudah berjarak terlalu jauh dari budaya daerahnya.
      Abang,
      Apalagi banyak pernikahan campuran. Tinggal di negara kita yang bhinneka, pernikahan antaretnis itu pun sebuah keniscayaan. Ibu dari suku X, ayah dari suku Y, anak tinggal di Jakarta. Ayah dan Ibu karena berasal dari suku yang berbeda tentu menggunakan kode bahasa yang dimengerti keduanya, bukan?
      Bahasa daerah mereka lantas minggir.
      Aku cemas, Abang.
      Sebagai pedantis kau tentu tahu bahwa Betawi merupakan suku bentukan dan bukan tak mungkin di masa depan lahir suku Betawi II (atau apalah nanti mereka menamakannya): titik tengah. Bukan tak mungkin bahasanya campuran lokal dan Inggris macam singlish (Singapore English). Itu bisa saja, bukan?
      Lantas apa yang bisa kulakukan?
      Aku bicara kepadamu melalui bahasa ibuku. Aku tahu kamu tak tahu artinya, Abang, tetapi percayalah aku ingin di masa depan anakku mengenali bahasa ibuku. Kuharap, bahasa ibuku tidak punah tanpa pernah anakku mempelajarinya.
      Dan, Abang (ah, aku tahu mestinya “dan” tidak boleh diletakkan di awal kalimat—apalagi awal paragraf), menulislah dalam bahasamu. Aku barangkali tak mengerti sebagaimana kau tak mengerti surat ini. Tidak apa-apa. Aku akan cari tahu dan mungkin ada orang di luar sana yang lebih perlu tulisan kita.
      Abang,
      Ini saja suratku. Terima kasih.

      Salam,

      aku


      btw, apa hubungannya dengan pendiam, Kak? ._.

      Hapus